Basa Melayu Kuna

Basa Malayu Kuna iku basa sing lumebu ing grumbulan basa Austronésia lan dianggep salah sawijining wujud wiwitan (proto) kanggo basa Malayu. Manut sawatara cathetan, basa Malayu Kuna (MK) naté digunakaké ing antarané abad angka 7 nganti abad angka 13, ya iku ing jaman panguwasaning Wangsa Syailendra ing Jawa lan Karajan Sriwijaya. Ananing basa iki dingertèni saka prasasti lan wilahan logam (ana sing wujud emas lan ana uga tembaga) sing katemon ing Nusantara sisih kulon, kaya ta Pulo Sumatera lan saubengé, Pulo Jawa, lan Pulo Luzon, Filipina.

Tembung-tembung ing basa iki akèh kecipratan basa Sanskerta, sing nuduhaké kabudayan India sing sumrambah lan nyawiji ing urip padinan. Basa Sanskerta nganti tekan sapréné nyumbang tetembungan Basa Malayu. Aksara sing digunakaké manèka warna, wiwit aksara Pallawa, aksara Kawi utawa aksara Pasca-Pallawa[1].

  1. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Kozok

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy